Berilah tanda Silang (x) pada huruf a, b, c, atau d pada jawaban yang tepat.
Pamarentah penjajah Walanda judheg pikire,
bola-bali saben nyoba mbedhah kadipaten Tegal ora tau kelakon. Aja maneh
nguwasani pinangka dhaerahlarlaran jajahan, mlebu kutha wae ora bisa. Apa maneh
Kadipaten Tegal dipandhegani dening adipati Martalaya sing ora tedhas gegaman
apa wae.kompeni banjur gawe akal-akalan ngedu Adipati Martalaya karo sedulure
tunggal guru yaikuMartapura. Martapura diiming-imingi kalungguhan adipati
angger bisa mateni Adipati Martalaya. Martapura nyarujuki pepenginane Kumpeni.
Martapura banjur teka ing Kadipaten Tegal.
Martapura
: “Adhi Martalaya, tekaku mrene sepisan tilik keslametanmu sakulawargamu. Dene
sing kaping pindhne aku dadi jagoning Kumpeni sing saperlu ngelikake lan ngajak
Adhi supaya gelem rerangkulan karu Kumpeni.”
Martalaya
: “kakang, aku matur nuwun dene Kakang keraya-raya gelem niliki aku lan
kulawargaku ana Kadipaten Tegal iki. Nanging Kakang, aku babar pisan ora bisa
minangkani panjaluke Kakang supaya aku gegandhengan karo bangsa penjajah sing
tansah sawiyah-wiyah marangbangsane dhewe.”
Martapura
: “Lo, mengko dhisik, Dhi. Kumpeni ora bakal sawiyah-wiyah marang Adhi
Martalaya. Malah Kumpeni bakal awehpambiyantu amrih panguwasaning Adhi
Martalaya tetep bisa lestari.”
Martalaya
: “Ora kakang. Aku ora perlu bantuane bangsa penjajah sing murang tata lan
seneng tumindak nistha iku.”
Martapura
: “Adhi Martalaya! Ngucap aja angger ngucap. Aku iki dutaning Kumpeni. Yen kowe
ora gelem nuruti panjalukku, kowe bakal adu arep karo aku, Dhi!”
Martalaya
: “We la Kakang, sadumuk bathuk sanyari bumi takbelani tumekaning pati, Kakang!
Iki ora ateges aku nrunyak murang tata wani marang sedulur tuwa, nanging iki
bab martabating bangsa, Kakang! Dakladeni karepmu, Kakang!”
Banjur Martalaya lan Martapura adu kadikdayan atosing balung kandeling
kulit ana plataraning kadipaten Tegal uga dipunsekseni para punggawa lan para
prajurit kabeh.
……………………………………………………………………………………………………………………
1.
Saka punggelan crita drama kasebut, sapa sing dadi paraga protagonis yaiku ....
A.
Martapura
B.
Martalaya
C.
Kumpeni
D.
Prajurit
2.
Saka punggelan crita drama ing dhuwur, Seting panggonan rerembugan ana ing ....
A.
Alun-alun Tegal
B.
Markas Kumpeni
C.
Daleme Martalaya
D.
Plataran kadipaten Tegal
3.
Sapa wae kang dadi paraga utama jroning crita drama kasebut ....
A.
Martalaya
B.
Martapura
C.
Martalaya lan Kumpeni
D.
Martalaya lan Martapura
4.
Pitutur jroning punggelan crita drama ing dhuwur yaiku ....
A.
Manut bangsa penjajah iku mesthi kepenak ing uripe
B.
Kawula alit iku kedah manut ujare para penggedhe negara
C.
Sedulur enom iku ora oleh wani duga marang sedulur tuwa
D.
Manungsa iku kudu wani njaga martabating bangsane dhewe-dhewe
Wacanen punggelan crita wayang ing ngisor kanthi setiti !
………………………………………………………………………………………………………………
Sang prabu utusan nimbali sawijing pandhita asma Begawan Wasista atur
pamrayoga, sang nata kaaturan sidhekah ing jawata. Atur rembuge Bengawan
wasista atur pamrayoga, sang nata kaaturan sidhekah ing jawata. Atur rembuge
Begawan wasista gawe renaning panggalih, nuli kalapahan.
………………………………………………………………………………………………………………
5.
Wong kuwi diwajibne usaha kanggo ngowahi nasibe. Tembung kang tegese padha karo
usaha ing wacan ndhuwur yaiku ....
A.
mbudidaya
B.
kasembadan
C.
pamrayoga
D.
asedhekah
6.
Tegese tembung Jawata yaiku ....
A.
Raja
B.
Dewa
C.
Pandhita
D.
Prameswari
7.
Salah sijine karya sastra sing nduweni perangan kanggo diparagakake (dimainake)
dening aktor diarani ....
A.
drama
B.
sesorah
C.
tembang
D.
geguritan
8.
Salah satunggale jinis drama Jawa sing oleh penghargaan saka UNESCO yaiku ....
A.
Ketoprak
B.
Wayang
C.
Lenong
D.
Ludruk
9.
Supaya drama iku lumaku kanthi becik ( X ) ... kedah bisa milah lan milih ( Y )
... sing trep karo watake kang bakal ditampilake. Ora mung iku wae ananging
kudu bisa aweh tuladha, mimpin lan nyorteni sakabehane kru.
Saka katrangan ing dhuwur ceceg-ceceg tandha ( X ) sing trep diiseni
....
A.
Paraga
B.
setting
C.
sutradara
D.
improvisasi
10.
Saka katrangan ing dhuwur ceceg-ceceg tandha ( Y ) sing trep diiseni ....
A.
paraga
B.
prolog
C.
setting
D.
dialog
11.
Urut-urutane prastawa (peristiwa) ing crita drama wiwit saka prolog,
klimaks nganti tumekan pungkasane crita diarani ....
A.
alur
B.
setting
C.
prolog
D.
paraga
12.
Mobah mosike polatan para paraga jroning main drama diarani ....
A.
epilog
B.
mimik
C.
konflik
D.
setting
Wacanen teks tembang Jawa ing ngisor iki !
………………………………….
Abote wong nandang tresna / Tak belani nganti tekan
pati / Tresnaku mung kanggo sira / Arjuna bagus sing merak ati / Awan bengi ra
bisa lali / Tansah eling esemmu / Nganti kapan aku ra ngerti / Bisa nyanding
sliramu / Abote dadi wong sudra / Tresna tulus ora dipercaya / Wong tuwa
ngumbar sujana / Tansah ngira aku wong durjana / Pancen dalan sing tak liwati /
Ngalor, ngidul mung dengkul / Paribasan turu klesetan / Uripku tansah cedhak
pacoban / Wong bagus-wong bagus tak enteni / Lilane wong tuwaku nerima kowe /
Sing sabar-sing sabar ya tresnaku /
Ing tembe
mburi bakal dadi duweku / Duh Gusti sing tak puji paringono dalan kanggo
tresnaku.
13.
Teks tembang Jawa ing dhuwur kalebu jinise ....
A.
Tembang dolanan
B.
Tembang macapat
C.
Tembang tengahan
D.
Tembang gagrag
anyar
14.
Irah-irahan tembang Jawa kasebut yaiku ....
A.
Tresna tulus
B.
Tresna sudra
C.
Nandang tresna
D.
Pacobaning tresna
15.
Miturut teks tembang Jawa ing dhuwur “Tansah ngira aku wong durjana”
nduweni teges ....
A.
Wong sing bagus
B.
Wong sing sugih bandha
C.
Wong sing tumindake ala
D.
Wong sing ora duwe bandha
16.
Saka tesk ing dhuwur tembung “ sudra “ nduweni teges ....
A.
wong asor
B.
Wong sugih
C.
wong gedhe
D.
wong pangkat
17.
Irah-irahan tembang Jawa ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener
yaiku ....
A.
p[cobnNi=t}sN
B.
t}sNtulus
C.
nnF=t}sN
D.
t}sNsuf]
18.
Ing ngisor iki sing kalebu jinise tembang macapat yaiku ....
A
|
B
|
C
|
D
|
Prau layar
Kupu kuwi
Layang kapindo
Tresna sudra
|
Layang swara
Asmaradhana
Jambu alas
Cinta tak terpisahkan
|
Asmaradhana
Dhandhanggula
Kinanthi
Pangkur
|
Tak tunggu balimu
Buta-buta galak
Titip kangen
Luntur
|
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki !
Para mudha aja bosen ngudi kawruh
Ilmu kasat mata
Ilmu batin den jajagi
Iku kabeh kanggo sangu uripira
19.
Tembang macapat ing dhuwur kalebu jinise ....
A.
Tembang asmaradhana
B.
Tembang kinanthi
C.
Tembang pangkur
D.
Tembang pucung
20.
Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....
A.
12p – 6i – 8i – 12i
B.
12h – 6a – 8i – 12a
C.
12u – 6a – 8i – 12a
D.
12kawru – 6mata – 8jagi – 12ira
21.
Cacahing wanda saben sagatra diarani ....
A.
guru lagu
B.
guru gatra
C.
guru sastra
D.
guru wilangan
22.
Tembang kang watake sedih lan kelangan pangarep-arep yaiku tembang ....
A.
Pangkur
B.
Gambuh
C. Kinanthi
D. Megatruh
23.
Tembang macapat iku cacahe ana ....
A.
10
B.
11
C.
12
D.
13
Wacanen sapada tembang macapat ing ngisor iki kanthi setiti!
Sinom
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen ta melu anglakoni
Boya keduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersa Allah
Begja-begjane wong kang lali
Luwih begja wong eling lawan waspada
24.
Guru gatra tembang sinom ing dhuwur ana ....
A.
9
B.
8
C.
7
D.
6
25.
Guru lagu tembang sinom ing dhuwur yaiku ....
A.
n – i – n – i – k – n – h – I – a
B.
a – i – u – i – i – u – h – i – a
C.
a – i – n – i – i – n – h – i – a
D.
a – i – a – i – i – u – a – i – a
26.
Nalika candra ndadari utawa tanggal 15 bocah-bocah jaman rumiyen padha dolanan
ing plataran banjur padha nembangake tembang dolanan. Tembang dolanan apa sing
trep karo kahanan kasebut ....
A.
Jamuran
B.
Padhang mbulan
C.
Sluku-sluku bathok
D.
Cublak-cublak suweng
Gatekna para seniman tembang Jawa ing ngisor iki !
1.
Ki Ageng Selo
5. Ki Ng.Rangga Warsito
2.
Ki Anom Suroto
6. Ki Narto Sabdo
3.
Ki Enthus Susmono
7. Ki Manteb Sudarsono
4.
Ki Ageng Suryamentaram
8. Sri Sultan Hamengkubuwana IV
27.
Sing kalebu seniman tembang Jawa gagrag anyar yaiku ....
A.
2 – 3 – 6 – 7
B.
2 – 4 – 5 – 6
C.
1 – 4 – 5 – 8
D.
1 – 2 – 6 – 8
Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki !
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
28.
Pitutur jroning tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....
A.
Wong ing alam donya iku kedah iling lan waspada
B.
Wong urip iku aja adigang, adigung, adiguna
C.
Wong urip iku sing sapa salah kudu seleh
D.
Wong urip iku ora oleh gundhul
29.
Dong dinge swara ing pungkasane gatra diarani ....
A.
Guru lagu
B.
Guru basa
C.
Guru gatra
D.
Guru wilangan
Wacanen teks sesorah ing ngisor iki, kanggo mangsuli pitakonan angka 30
tumekane 32!
1
|
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
|
2
|
Minangka purwakaning atur
sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Maha Agung ingkang sampun paring rahmat, taufik sarta hidayah dhumateng kita
sedaya, saengga saged makempal ing papan punika mangayu bagiya adicara purnawiyata
siswa-siswi kelas 9.
|
3
|
Bapak/Ibu guru ingkang dhahat
kinurmatan
Kula minangka sesulihipun
siswa-siswi kelas 9, ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak /
ibu guru ingkang sampun ndidik kula sakanca kanthi sae lan sabar. Kula sakanca
nyuwun agunging pangaksami sedaya kelepatan. Kathah kenangan ingkang sampun
kababar, wonten ingkang sae lan wonten ingkang awon. Kula sadar bilih bapak /
ibu guru ingkang sampun minteraken lan nuwuhaken semangat pasinaonipun kula
sakanca.
|
4
|
Sedaya pambiyantunipun bapak /
ibu guru, kula sakanca, mboten saged caos pinwales. Ingkang saged kula
lampahi namung nyuwun donga dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung mugi-mugi
bapak / ibu dipunparingi kakuwatan lan karaharjan. Amin
|
5
|
Sasampunipun kula kaliyan
kanca-kanca nyuwun donga pangestu mugi-mugi saged nggayuh punapa ingkang kula
sakanca kajengaken.
|
6
|
Wusana cekap semanten atur kula
menawi wonten kirang langkungipun atur, nyuwun agunging samodra pangaksami.
|
7
|
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun
|
30.
Saka teks sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan surasa basa tinemu ing angka
....
A.
2
B.
3
C.
4
D.
5
Tidak ada komentar:
Posting Komentar